Dening: Rina Rafitasari, S.Pd.
Wektu terus lumaku
Ninggalake jaman ing kala semana
Jaman nalika murid sinau bareng guru
jaman nalika keprungu gojekan murid kang lucu
ya, iku, biyen,
saiki wis ilang kadya kasaput maruta
kahanan dadi peteng ketutup mega
wis ra keprungu maneh swaramu muridku
wis ra bisa maneh sinau bareng langsung ketemu
google meet, WA, google classroom dadi andelan
sinyal lan kuota wajib dadi cekelan
Ngger, sabara
Sinau ing mangsa pandemi akeh bebendu
Sinyal ilang, kuota entek, nganti tekan ra duwe hape aja ngalangi tekadmu
Ora mudheng-mudheng, mripat pegel, aja gawe malesmu
Singkirna Ngger, singkirna rasa malesmu
Kanggo urip ing tembe besukmu
Ayo gumregah, tangia tangia
Aja mung tura-turu
Mlayua nggayuh kartikamu
Dwijamu mung bisa dedonga
Mugya sliramu dadi wong mulya